Wis meh sedina Drajat nunggu Rista, bojone sing arep
nglairake. Bola-bali Drajat keprungu sambat lan jeritane bojonesing nembe berjuang ngliwati maut.
Kanggo nylimur pikire sing ora karuwan, Drajat nyoba ngobrol karo wong sing uga
nunggu ana ingrumah bersalin kuwi. Nanging mbuh ngapa, apa wae sing dadi
bab rembugane, kabeh kaya ora mathuk. Pikire Drajat tambah ora karuwan, deweke
banjur wira-wiri kaya wong linglung. Saya cetha menawa saiki Drajat lagi ora
kepenak ati.
“Adhuh, aku ora kuwat!”
Drajat kaget. Krungu sambate Rista, Drajat kaya
ditangekake saka ngimpi sing ala. Drajat banjur kelingan ana ing wayah sore
nalika Rista kandha menawa dheweke mbobot. Krungu mangkono Drajat banjur
mbopong Rista, dirangkul lan di ambungi. Sedina wutuh Drajat mesam-mesem dewe..
“Adhuh Gusti!”
Sambate Rista keprungu meneh. Drajat banjur ndonga, lambene
ndremimil ngucapake donga. Apa meneh nalika dheweke kelingan wektu bojone
kandha menawa bayi sing dikandhut kembar. Wektu kuwi, Rista banjur digendhong
karo di ning-nang-gung.
“Adhuh mas, piye iki ?!”
Jebule, saben Rista sambat, pikire Drajat ibarate kaya pita
kaset sing otomatis mereviuw kadadeyan sing wis kelakon. Saiki
kupinge Drajat kaya-kaya rungon-rungonen nalika Rista kandha menawa miturut pemeriksaan doktere
yen dheweke ora bakal isa nglairake cara normal. Bab iki amarga pinggule
Rista cilik. Artine Rista kudu operasi.
“Gustiii..Gustiii..!”
Pikirane Drajat nggrambyang meneh, kelingan wektu dheweke
lagi padu karo Rista. Wektu kuwi Rista ngakon Drajat ngedol Bonsai kesayangane.
Tujuane, dhuwite bisa kanggo wragat operasi Caesar. Drajat ora sarujuk
menawa bonsaine didol. Ora setujune Drajat, amarga bonsai mau wis bola-bali
menang ing sayembara-sayembara bonsai. Kabare, bonsai mau uga wis tau dinyang
karo salah sawijining kolektor ing kutha. Jane mono bonsaine Drajat
okeh cacahe, nanging wektu pas iki kari loro sing rencanane amung kanggo
duwen-duwen dhisik. Biyasane, bonsaine Drajat apik-apik, amarga Drajat
anggone ngopeni temenan. Kanggone Drajat, bonsai wis kaya jantunge dhewe. Ya
saka bonsai kuwi mau Drajat bisa ngragadi uripe.
Ning, persoalane saiki pasedhiyan bonsane Drajat sing ana
ngomah amung kari loro, kuwi wae bonsai ora kanggo didol ana ing wektu cedhak.
Amarga Drajat duwe feeling menawa rega bonsai mau isih bisa terus
mundhak regane lantaran asringe bonsai mau entuk juara ana ing saben lomba
bonsai. Durung meneh menawa dheweke kelingan jamane ndadekake bonsai mau.
Nggawe bonsai sing apik mbutuhake ketlatenan, kesabaran, kaya kreasi sing
elok lan improvisasi. Merga kuwi mau Drajat ora gelem ngedol bonsaine.
“Usahake lair normal wae!” ujare Drajat wektu kuwi.
***
Kahanane Rista ing kamar priksa memelas, awake wis kaya ora
duwe tenaga meneh. Mungkin amarga bola-bali wis kanggo ngeden, nanging jabang
bayi tetep durung gelem metu. Awake ndredheg lan kebak kringet, lambene sing
cilik-tipis bola-bali ndremimil ndonga kaya maca mantra wae. Rista ngarep-arep
banget supaya bojone gelem ngedol bonsaine.
Rista balik ngeden lan ngeden maneh. Tenagane kekuras, Rista
ora perduli tenagane entek. Nanging tetep ora ana asile, Rista banjur pasrah
ngenteni tumuruning mujijat. Mujijat sing dienteni uga ora mudhun-mudhun
lan bab iki sing nyebabkake jiwane drop lan sawangane mripat kaya
suwung.
Mbuh merga apa, ujug-ujug mripate ora gelem kedhep,
jelalatan ndelengi sakabehe isi kamar. Sepisan ana ing pojok kiwa ana alat
bantu oksigen, banjur mubeng searah jarume jam, ana cedhake lawang
ana tempat sampah cilik. Terus ana ing pojok tengen ana alat bantu nglairake.
Pungkasane ana ing tengene patidhur pasien ana meja pasien.
Jane, katone Rista durung arep nguwisi padelengane mau,
nanging merga keganggu ana dokter sing katone lagi kesusu mlebu ana kamare
Rista amarga arep nemoni dokter Bowo sing lagi nangani Rista. Mulane Rista
banjur nguwisi padeleng lan genti nggatekake dokter sing lagi teka mau.
Padeleng mripate Rista marang dokter Irvan, mengkono jenenge dokter mau, kaya
lagi kaweruhan setan wae, mantheng lan ora kedhep babar blas. Saiki
mripate Rista temuju marang kanthong ana ing klambi sragam dokter Irvan.
Saktleraman ana gunting bedah.
Ora dinyana ora dikira, ujug-ujug Ristra nyaut gunting
bedhah mau lan sreeeett…
“Ampuni kula Gusti, ampunilah kula Gusti!” jerite
Rista melengking-lengking.
***
Krungu panjerite Rista mau, pikire Drajat nggrambyang,
kelingan jaman padu karo ibune. Wektu kuwi ibune ora kandha dhisik marang
Drajat, menawa bonsai kesayangane Drajat diwenehake marang dokter sing nambani
penyakit kankere ibune. Nesune Drajat temenanan, malah nganti sawetara wektu
Drajat ora aruh-aruh karo ibune. Malah wektu kuwi ibune banjur mulih menyang
ndesane amarga ora tahan dinesoni anake dhewe. Nganti wektu ibune tinimbalan
dening Gusti Allah, Drajat ora kober njaluk ngapura. Drajat sadhar ora pengin
mbaleni kesalahane biyen. Ora suwe Drajat banjur ngadeg mlayu mulih arep
ngedol bonsaine. Lan dhuwite arep kanggo prabeya operasi bojone.
Ora suwe Drajat olehe lunga. Saiki wis teka maneh ing rumah
sakit. Sak durunge Drajat mbalik ana ing kamare Rista, dheweke tumuju ana ing
kantor administrasi dhisik, arep nyerahake dhuwit kanggo operasi. Nanging pihak
sing ngurusi keuangan rumah bersalin mau ngakon marang Drajat
nemoni dokter Bowo dhisik. Lagi pirang jangkah Drajat mlangkah, ana swara
nyeluki deweke.
“Lho, Pak Drajat ana kene ta?” Kula nggoleki sampeyan.
Wonten bab wigati sing ajeng kula kandhakake.”
“Kleresan Dok, kula inggih badhe kepanggih panjenengan.
Wonten bab wigati ingkang badhe kula aturaken.”
“Bab bojo sampeyan, ta?”
“Mekaten Dokter, kula kepengin bojo kula dioperasi kemawon.
Kula mboten tegel kaliyan kawontenanipun bojo kula.”
“Oalah Pak, saiki anak sampeyan wis lair slamet,
kembar lanang.”
“Gusti. Anakku… anakku wis lair, Dokter?!”
“Bener, pak!” dokter Bowo nyalami Drajat.
“Matur nuwun, Dokter, matur nuwun, Dokter!”
“Pak Drajat, kudhu matur nuwun karo bojo sampeyan. Amarga
dheweke dhewe sing bisa marakake anak sampeyan lair slamet.”
“O, inggih Dok, pripun kahananipun bojo kula, Dokter?”
“Mangga Pak,” Dokter Bowo ngomong karo ngajak Pak Drajat
nuju kamar kerjane. Drajat diajak mlebu ana kantor pribadine dokter Bowo mau.
Ana ing njero kantor, dokter Bowo nglanjutake omongane.
“Wektu iku kabeh dokter mbantu supaya bojo sampeyan bisa
nglairake normal. Sak tenane jabang bayi angel metune amarga bangkekane bojo
sampeyan cilik, ditambah bayine kembar sisan. Mula kabeh dokter mutusake kudu
operasi Caesar. Merga wis diputusake mengkono aku banjur nggoleki sampeyan,
ajeng njaluk persetujuanipun.”
“Mboten napa-napa, dok. Pinten mawon beayanipun,
badhe kula tanggung.”
“Sekedhap Pak Drajat…” dokter Bowo gojag-gajeg arep
nerusake omonge.
“Wonten napa, Dok?
“Wektu kabeh dokter arep metu ngrembug kahanane bojo
sampeyan. Rasti njupuk-nyaut gunting bedhah ana sakune dokter Irvan. Olehe
njupuk gunting cepet banget. Ora nyana, bubar kuwi dheweke banjur nyuwek
wetenge dhewe nganggo gunting mau. Rasti banjur njupuki dhewe jabang bayi sing
ana wetenge dhewe. Mula saktenanne bojo sampeyan dhewe sing tumindak ngoperasi.
Anak sampeyan slamet sakloron, ning kanthi abot manah kula ngandhakake menawa
bojo sampeyan ora bisa dislametake.”
“Dhuh Gusti…Gusti ampuni kula!!” bola-bali Drajat nggetuni
kahanan kuwi.
“Aku sing salah Gusti, Aku sing wis ndadekake bojo kula
pejah. Ampuni kula Gusti…!! Ampuunn…!!
Raga lan jiwane Drajat drop, dhengkule kedher,
jantung lan getihe kaya-kaya mandheg. Drajat ambruk ana njobin, ndlosor banjur
mbrangkang lan sendhen ana tembok. Mripate mlolo ora kedhep, dheweke kelingan
ibune. Susahe Drajat tambah mucuk nalika mangerteni kahanane bayine
sakloron. Awake cilik menthik, malah bisa diarani kerdhil. Driji sikil karo
tangane ora amung cacah lima nanging gunggung wolu, persis kaya bonsai.***
0 komentar:
Post a Comment