Pegat,
apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering
cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan
kalawan garwa mayangsari.
Ngancik
telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat
kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa,
menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang
mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking
kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica
hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan
Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa
suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning
wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka
Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal
lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung
pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki,
Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta
ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali
bebarengan. Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil
dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk
Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane
Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih
bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake
darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu
bisa sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur
secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing
perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih
putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika,
ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka
kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku
saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing
jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha,
banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke
Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka
Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah.
Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo
bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka
Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline
Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman
dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa
geni kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon
Sinta didhelikake.
Akhire,
kedadean perang gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya
balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu
kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas.
Pancawati menang. Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang
Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis
ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane
Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.
0 komentar:
Post a Comment